Pitudúh : 1
Ora ånå wóng kang ingaranan uríp, kêjabanê kang mikír sartå trêsnå
marang wóng kang ringkíh lan nandhang påpå cintråkå. Biså mèlu
ngrasakakê kasusahanê sartå lårå lapanê wóng liyå. Kanthi pangråså kang
mangkono mau atêgês biså nggadhúh kêkuwatan kang tanpå watês, pêrlu
kanggo mitulungi sapådhå-pådhå kang kahananê luwíh nrênyúhakê katimbang
dhiri pribadinê. “Pakarti mono darbèk kita dhêwê, nanging wóhê pakarti
mau dadi kagunganê Kang Gawê Urip”, mangkono sabdanê sawijinê Pujånggå
kalokå.
Pitudúh : 2
Wóng kang baút mawas dhiri iku wóng kang biså manjíng ajúr ajèr,
ngêrti êmpan papan laras karo rèh swasånå sakupêngê tanpå ninggalakê
subåsitå. Paribasanê wóng kang baút ngadisarirå, åjå múng kalimpút
êdiníng busånå baê, nangíng bisowå tansah mêrsudi marang padhangíng sêmu
lan manisíng wicårå tanpå nglírwakakê marang alús lan luwêsíng solah
båwå.
Pitudúh : 3
Kêcandhakíng sawijiníng idham-idhaman iku ora cukúp múng dibandang
móncèr lan pêpakíng ilmu lan kawrúh baê. Nangíng ånå syarat siji kang
ora kênå kalirwakakê, yaiku kapintêran ing bab sêsrawungan. Såpå kang
bisa tumindak ajúr-ajèr lan biså nuwúhakê råså rêsèp marang liyan,
prasasat wis êntúk pawitan kanggo nandangi sakèhíng pagawêyan åpådênê
nggayúh idham-idhamanê.
Pitudúh : 4
Nindakakê kabêcikan mono ora mêsthi kudu cucúl wragad, nanging biså
ditindakakê sarånå pakarti-pakarti liyanê sing sêjatinê akèh bangêt
caranê. Saugêr biså gawê sênênging liyan, upamanê baê måwå ulat sumèh
tangkêp srawúng kang sumanak, bisa manjíng ajúr-ajèr ing madyaníng
bêbrayan, lan biså dadi patuladhan laku utåmå. Kabèh mau klêbu êwóníng
tindak kabêcikan kang ajinê nglêluwihi wragad dêdånå kang diwènèhakê
utåwå dipotangakê, apamanèh lamún anggónê mènèhi utåwå ngutangi iku
sinamudånå kêbak pamríh.
Pitudúh : 5
Yèn kowê arêp rêmbugan, pikirên luwih dhisík têtêmbungan síng arêp
kók wêtókakê. Åpå wís ngênggoni têlúng prêkårå : bênêr, manís, migunani.
Êwå sêmono síng bênêr iku isih pêrlu dithinthingi manèh yèn gawê
gêndranê liyan prayogå wurúngnå. Dênê têmbúng manís mono ora duwê
pamríh, pamrihê biså gawê sênêngê liyan kang tundhónê migunani tumrapê
jagadíng bêbrayan.
Pitudúh : 6
Sugíh ómóng kanggo nggayêngakê pasamuwan pancèn apík. Nangíng ngómóng
múng golèk suwurê awakê dhêwê sók kêtrucút miyak wêwadinê dhêwê. Pirå
baê cacahê wóng kang kêplèsèt uripê múng margå sukå anggónê sugíh ómóng.
Mulå sabêcik-bêcikê wóng iku ora kåyå wóng kang mênêng. Nangíng mênêngê
wóng kang darbê bóbót kang antêb síng biså dadi panjujuganê pårå
pawóngan kang mbutúhakê rêmbúg lan pitudúh.
Pitudúh : 7
Ing jagadíng sêsrawungan mono nyirík marang sêsipatan kang gumêdhê
lan wêwatakan kang tansah ngêgúngakê dhiri. Sipat lan wêwatakan mau
adhakanê banjúr nuwúhakê råså ora lilå yèn nyipati ånå liyan síng luwíh
katimbang dhèwèkê. Mulå saibå bêcikê samångså såpå kang rumangsa pintêr
dhêwê, sugíh dhêwê, lan kuwåså dhêwê iku gêlêma nglaras dhiri lan
nglêrêmakê cíptanê kang wêning, yèn sêjatinê isíh ånå manèh kang Måhå
Pintêr, Måhå Sugih, lan Måhå Luhúr. Klawan mangkono råså pangråså dumèh
lan takabúr kang dadi sandhungan pasrawungan biså sumingkír.
Pitudúh : 8
Luwih bêcík makarti tanpå sabåwå kang anjóg marang karahayóníng
bêbrayan, katimbang tumindakê wóng kang rêkanê nindakakê panggawê luhúr
nangíng disambi udúr. Yêktinê tåtå têntrêm iku ora bakal biså kagayúh
yèn tå ora adhêdhasar kêrukunan, dênê kêrukunan iku múng biså kêcandhak
yèn siji lan sijinê pådhå biså aji-ingajènan lan móng-kinêmóng.
Pituduh: 9
Yèn atimu wis gilíg arêp gawé kabêcikan kanggo karaharjaníng
bêbrayan, bêratên råså uwas marang pandakwå ålå kang ora nyåtå.
Srananånå kanthi jêmbaríng dhådhå lan sabaríng nålå, amríh bisa nuwúhaké
gêdhéníng prabåwå lan cabaríng sakèhíng piålå.
Pitudúh : 10
Wicårå kang wêtuné kanthi tinåtå runtút kang awujúd sêsulúh kang amót
piwulang bêcík, ajiné pancèn ngungkuli mas picís råjåbrånå, biså
nggugah budi lan nguripaké pikír. Nangíng kawuningånå yèn grêngsênging
pikír lan uripíng jiwå iku ora biså yèn múng kagugah sarånå wicårå baé.
Kang wigati yaiku wicårå kang måwå tandang minångkå tulådhå. Jêr tulådhå
mono síng biså nuwúhaké kapitayan. Luwíh-luwíh mungguhíng pårå
manggalaníng pråjå kang wís pinracåyå ngêmbani nuså lan bångså.
Pitudúh : 11
Luwíh bêcík ngasóraké rågå tinimbangané ngóngasaké kapintêran kang
sêjatiné isíh nguciwani bangêt. Ngóngasaké kapintêran iku satêmêné múng
kanggo nutupi kabodhowané, jêr kabèh mau mêrga råså samar lan was
sumêlang yèn ta kungkulan déníng sapêpadhané. Tindak mangkono mau malah
dadi sawijiníng godhå kang múng bakal ngrêrêndhêti lakuníng kêmajuwané
dhéwé ing jagadíng bêbrayan.
Pitudúh : 12
Såpå wóngé síng ora sênêng yèn éntúk pangalêmbånå. Nangíng thukulíng
pangalêmbånå iku ora gampang. Kudu disranani kanthi pakarti kang bêcik
lan murakabi marang wóng akèh. Yèn múng disranani båndhå, pangalêmbanané
múng kandhêg ing lambé baé ora tumús ing ati. Déné yèn disranani
pênggawé kang lêlamisan, ing pamburiné malah bakal kasingkang-singkang
kasingkíraké såkå jagadíng pasrawungan.
Pitudúh : 13
Généyå akèh wóng kang dhêmên nyatur alaníng liyan lan ngalêmbånå
awaké dhéwé? Sêbabé ora liya margå wóng-wóng síng kåyå ngono mau ora
ngêrti yèn pênggawé mau klêbu pakarti kang ora prayogå, mula prêlu
dingêrtèkaké. Awít yèn ora énggal-énggal nyingkiri pakarti kang ora
bêcík mau, wusanané dhèwèké kang bakal diêmóhi déníng pasrawungan.
Pitudúh : 14
Nggayúh kaluhuran liré ngupåyå tataraníng uríp kang luwih dhuwúr.
Dhuwúr laír lan batiné, ya tumrap dhiri pribadiné ugå sumrambah kanggo
karaharjaníng bêbrayan. Nangíng yèn kandhêg salah siji, têgêsé gothang.
Yèn múng nêngênaké kaluhuraníng laír gênah múng ngoyak drajat lan sêmat,
isíh miyar-miyur gampang kênå pangaribåwå såkå njåbå. Yèn ngêmúngaké
kaluhuraníng batín, cêtha ora nuhóni jêjêríng manungsa, awít ora
tumandang ing gawé kanggo kêpêrluwaníng bêbrayan. Atêgês tanpå gunå
diparingi uríp ing alam donya.
Pitudúh : 15
Sing såpå rumangsa nduwèni kaluputan, åjå isín ngowahi kaluputan sing
wís kadhúng katindakaké mau. Jêr ngakóni kaluputan mono wís cêthå dudu
tindak kang asór, nangíng malah nuduhaké marang pakarti kang utåmå kang
ora gampang linakónan déníng sadhêngah wóng. Iyå wóng kang wis biså
nduwèni watak gêlêm ngakóni kaluputané mangkéné iki pantês sinêbút wóng
kang jujúr sartå kasinungan ing budi luhúr.
Pitudúh : 16
Manungså uríp iku dibiså nguwasani kamardikaníng laír lan batín. Kang
dikarêpakê kamardikaníng laír iku wujudê biså nyukupi kabutuhaning uríp
ing sabên dinanê såkå wêtuning kringêt lan wóhíng kangèlan dhêwê ora
gumantúng ing wóng liyå lan ora dadi sangganíng liyan. Dênê
kamardikaníng batín iku dicakakê sarånå nyingkiri håwå napsu, adóh såkå
asór lan nisthaníng pambudi, sêpi ing råså mêlík lan drêngki srèi, sartå
tuhu marang paugêran uríp bêbrayan.
Pitudúh : 17
Yèn kêpéngín diajèni liyan, mulå åjå sók dhêmên martak-martakaké, åpå
manèh nganti mamèraké kabisan lan kaluwihanmu. Pangaji-ajiníng liyan
iku sêjatiné ora pêrlu mbók buru, bakal têkå dhéwé. Nudúhaké kêwasisan
pancèn kudu bisa milíh papan lan êmpan. Mulå kang prayoga kêpårå purihên
åjå kóngsi wóng liyå biså njajagi. Nangíng mångså kalané ngadhêpi gawé
parigawé kêconggah mrantasi.
Pitudúh : 18
Åjå sók ngluputaké, gêdhéné ngundhat-undhat wóng liyå, samångså kitå
ora katêkan åpå kang dadi kêkarêpan kitå. Bêciké kitå tliti lan kitå
golèki sêbab-sêbab ing badan kita dhéwé, amrih kitå biså uwal såkå
dayaníng pangirå-irå kang ora prayogå. Kawruhana, yèn usadané watak apês
síng njalari nganti ora katêkan sêdyå kitå iku, ora ånå liya, yå
dumunúng ånå ing awak kita dhéwé.
Pitudúh : 19
Arang wóng síng bisa mapanaké råså narima marang åpå baé kang wís
klakón digayúh. Yèn rumangsa kurang isíh golèk wuwúh, yèn wís olèh
banjúr golèk luwíh, yèn wís luwíh tumuli mbudidåyå åjå ånå wóng síng
biså madhani. Wóng kang duwé råså mangkono mau satêmêné mêmêlas. Uripé
tansah ngångså-ångså, ora naté sumèlèh atiné. Kanggo nuruti råså kang
klèru kasêbút sók-sók banjúr tumindak ora samêsthiné lan nalisír såkå
pakarti kang bênêr.
Pitudúh : 20
Watak narimå mono yêkti dadi sihíng Pangéran, nangíng yèntå nganti
klèru ing panyuråså biså nuwúhaké klèruníng tumindak. Narimå, liré ora
ngångså-ångså nangíng ora kurang wêwékå lan tansah mbudidåyå amríh
katêkaning sêdyå, dudu atêgês kêbacút lumúh ing gawé, suthík ihtiyar.
Awít yèn mangkono ora jênêng narimå, nagíng kêsèt. Jêr watakíng wóng
kêsèt iku múng gêlêm énaké êmóh rêkasané, gêlêm ngêmplók suthík tómbók,
satêmah dadi wóng ora wêrúh ing wirang, siningkiraké såkå jagadíng
bêbrayan.
Pitudúh : 21
Wóng uríp ing alam bêbrayan iku yêkti angèl, kudu biså ngêrèh pakóné
“si aku”, åjå nggugu karêpé dhéwé lan nuruti håwå napsu. Luwíh-luwíh ing
dinå samêngko, alam bêbrayan donyå tansah kêbak pradhóndhi, silíh
ungkíh, rêbutan bênêré dhéwé-dhéwé. Mulå síng baku, wóng uríp kudu biså
miyak alíng-alíng kang nutupi pikiran kang wêníng. Liré, sênajanå
sajroníng pasulayan, kudu bisa nyandhêt kêmrungsung “si aku” istingarah
sakèhíng bédané panêmu biså disawijèkaké.
Pitudúh : 22
Wóng kang nduwèni watak tansah njalúk bênêré dhéwé iku adaté banjúr
kathukulan bêndånå sênêng nênacad lan ngluputaké marang panêmu sartå
tindak tanduké wóng liyå. Méndah bêciké yèn wóng síng kåyå mangkono mau
kålå-kålå gêlêm nggraitå ing njêro batiné : “mbók mênåwå aku síng klèru,
mulå cobå dak tlitiné klawan adíl såpå kang sêjatiné nyåtå-nyåtå
bênêr”.
Pitudúh : 23
Rêsêpíng omah iku ora dumunúng ing barang-barang méwah kang larang
rêgané, nangíng gumantúng marang panataníng prabót kang prasåjå, sartå
pêmasangé rêrênggan kang adóh såkå watak pamèr. Sêmono ugå rêsêpíng
salirå iku ora margå såkå pacakan kang èdi-pèni, nangíng gumantúng ing
sandhang pênganggo kang prasåjå, trapsilå solah båwå, lan padhanging
polatan.
Pitudúh : 24
Yèn kowé kêpênêr lagi srêngên lan nêsu, prayogané wóng síng kók
nêsóni lan kók srêngêni mau kóngkónên énggal sumingkír. Utåwå kowé dhéwé
sumingkirå sauntårå, aja têtêmónan karo wóng liya. Sabanjuré mênêngå
lan étúng-étúngå kanthi sarèh wiwít siji têkan sêpulúh. Klawan mêngkono
atimu bakal bisa nimbang-nimbang åpå nêsu lan srêngênmu marang wóng mau
bênêr, åpå malah dudu kowé dhéwé síng lupút.
Pitudúh : 25
Jênêng tanpå gunå uripíng manungså kang nganti ora biså nyumurupi
marang kang kêdadéyan ing sakiwå têngêné. Ora biså asúng lêlimbangan lan
pamrayogå sakadharé kanggo karahayóníng bêbrayan. Rupak pandêlêngé ora
ånå liyå kang disumurupi kajåbå uripé dhéwé. Mati pangrasané, jalaran
ora kulina kanggo ngrasak-ngrasakaké kang katón ing sabên dinané, wusana
dadi cêthèk budiné, jalaran såkå kalêpyan marang têpå palupi kang
maédahi ing uripé.
Pitudúh : 26
Åjå sók nyênyamah luputíng liyan, luwíh bêcík tudúhnå kaluputané kang
malah biså ngrumakêtaké råså pasêduluran. Éwåsêmono åjå nganti kowé
kêsusu mbêcíkaké kêlakuwané liyan, yèn awakmu dhéwé rumångså durúng biså
ngênggóni råså sabar lan têpa sêlirå. Såpå kang wís ngêrti lan
ngrumangsani marang sakèhíng dosané, iku sawijiníng wóng kang wís ngêrti
marang jêjêríng kamanungsané, manungsa kang utåmå.
Pitudúh : 27
Ajiníng manungså iku kapúrbå ing pakartiné dhéwé, ora kagåwå såkå
katurunan, kapintêran, lan kasugihané. Nangíng gumantúng såkå ênggóné
nanjakaké kapintêran lan kasugihané, sartå matrapaké wêwatêkané kanggo
kêpêrluan bêbrayan. Kabèh mau yèn múng katanjakaké kanggo kapêrluwané
dhéwé, tanpå paédah. Nangíng yèn pakarti mau kadayan déníng råså
pêpinginan golèk suwúr, golèk pangkat lan donya brånå, malah bisa dadi
mêmalaníng bêbrayan, jalaran nyinamudana sarånå nylamúr migunakaké
jênêngé wóng akèh.
Pitudúh : 28
Ora ånå budi kang luwíh luhur saliyané nduwèni råså asíh marang nuså
lan bangsané. Kadunungan råså rumangsa nduwèni sêsanggêman lan kuwajiban
mranåtå têntrêmíng pråjå kanthi pawitan kapintêran kang dilandhêsi
kawicaksananing pambudi. Tåndhå yêktiné yèn asíh, yaiku tansah samaptå
tumandang sawayah-wayah yèn ånå parigawé kang wigati kanggo wargå
sapådhå-pådhå, munggahé tansah samaptå lêladi kanggo kêslamêtaníng
bêbrayan lan karaharjaníng nagårå.
Pitudúh : 29
Wóng kang kêrêp tansah dipituturi wóng liya iku adaté bisa dadi wóng
dhêmên ngati-ati, nangíng mênåwå kapêngkók ing pêrlu sók ora bisa
tumindak lan ngrampungi dhéwé. Kêpêkså isíh kudu nolèh wóng liya síng
diwawas bisa awèh pitudúh. Mulå kuwi prayogå ngawulåå marang ati lan
kêkuwatanmu dhéwé, jalaran wóng liyå iku sêjatiné yèn ånå apa-apané múng
sadêrmå nyawang, ora mèlu ngrasakaké.
Pitudúh : 30
Wóng kang rumångså dhiriné linuwíh, ing sawijiníng wêktu mêsthi bakal
kasurúng atiné arêp mamèraké kaluwihané, liré amríh dimangêrtènånå
déníng wóng akèh yèn dhèwèké mono wóng kang pinunjúl lan supåyå
diajènånå. Sumurupå, sakabèhíng kaluwihan mau yèn ora dicakaké måwå
lêlabuhan kang murakabi marang bêbrayan, tanpå gunå kêpårå malah ora
kajèn lan gawé pitunå. Mula kang prayogå biså tulús dadi wóng kang
linuwih mênåwå gêbyaríng kaluwihan iku múng dikatónaké marang batiné
dhéwé, iku wís cukup.
Pitudúh : 31
Dêdånå utåwå sêdhêkah marang wóng kang lagi nyandhang påpå cintråkå
iku sawijiníng pênggawé bêcík kang patút tinulådhå, saugêr pawèwèh mau
ora kinanthènan panggrundêl kang nêlakaké ora éklasíng atiné.
Têtêmbungan kang lêmbah ing manah lan mêrak ati iku luwih gêdhé ajiné
katimbang dêdånå kang ora éklas. Suprandéné nulúng lan mènèhi pêpadhang
marang jiwané wóng kangkacingkrangan iku kang sêjatiné luwih pêrlu lan
wigati, katimbang múng têtulúng marang awaké kang awujúd kêlairan baé.
Pitudúh : 32
Ulat sumèh, tindak-tandúk sarèh kinanthènan têmbúng arís iku biså
ngruntúhaké ati sartå ngêdóhaké panggódhaning sétan. Kósókbaliné watak
wicårå kang kêras, kêjåbå kêduga gawé tanginíng kanêpsón, ugå gampang
nuwúhaké salah panåmpå. Sabarang prakårå kang sêjatiné bisa putús sarånå
arís lan sarèh, kêpêksa dadi adu wulêding kulít lan atósíng balúng,
kari si sétan ngguyu ngakak bungah-bungah.
Pituduh : 33
Wóng kang kulinå uríp mubra-mubru iku samangsané ngalami sandhungan
uríp sêthithík baé adaté gampang kêthukulan gagasan lan gawé kang
cêngkah karo bêbênêr, luwíh bêgjå wóng kang uripé pokal samadyå nangíng
rêsík atiné. Déné bêgja-bêgjané wóng iku ora kåyå wóng síng tansah uríp
ing kahanan kang kêbak godhå rêncånå, prasasat tåpå ånå satêngahíng
cobå, nangíng tansah tawêkal lan kandêl kêimanané marang adilíng
Pangéran Kang Måhå Kuwåså.
Pitudúh : 34
Sipaté wóng uríp iku mêsthi kêsinungan kêkuwatan. Kang ngêrti biså
ngêcakaké déné kang ora biså ngêrti kurang digladhi, têmahan ora
tumanja. Éwåsémono ngêmpakaké kêkuwatan mula ora gampang. Buktiné ora
sêthithík kêkuwatan kang êmpané ora mapan. Kawruhana, yèn rusaké
bêbrayan ing antarané margå såkå pakartiné pårå-pårå kang ngêrti marang
dayaníng kêkuwatané nangíng ora kanggo nggayúh gêgayuhan kang mulyå,
múng kanggo nuruti dêrênging ati angkårå.
Pitudúh : 35
Katrêsnan kang tanpå pangrêksa iku dudu sêjatiníng katrêsnan. Kênå
diarani sêjatiníng katrêsnan kang múng kadêrêng lan kêna ing
pangaribawaníng håwå napsu. Dadi yèn ånå unèn-unèn ” trêsnå iku wutå”
yaiku síng kaprabawan håwå napsu. Síng prayogå iku mêsthiné kudu ngugêmi
unèn-unèn “trêsnå iku rumêkså” biså salaras tumindaké. Rasaníng
katrêsnan kang cêdhak dhéwé tumrap sadhêngah manungså iku dumunúng ing
awaké dhéwé. Mulå såpå kang trêsnå marang sapådhå-pådhå iku aran trêsnå
marang awaké dhéwé, tundhóné såpå kang tansah ngrêkså marang
karahayóníng liyan, ora bédå karo pangrêkså marang kêslamêtané dhéwé.
Pitudúh : 36
Srawúng ing madyaning bêbrayan iku kêjåbå kudu wasís milíh papan lan
êmpan, ugå kudu bisa angón mångså lan mulat ing sêmu. Åjå nggêgampang
ngrójóngi rêmbúg kang kowé dhéwé durúng ngrêti prakarané. Rêmbúg
sêthithík nanging mranani iku nudúhaké bóbótíng pribadi. Rêmbúg akèh
nangíng ampang malah gawé sånggå rungginé síng pådhå ngrugókaké kêpårå
njuwarèhi.
Pitudúh : 37
Wóng kang wís têkan pêsthiné utåwå wis katimbalan bali mênyang jaman
kêlanggêngan iku sêjatiné lagi kênå diwènèhi biji tumrap ajiné
kamanungsané lan pakartiné nalikå uríp. Déné wóng kang isíh pådhå uríp
iku pêrlu disêmak baé dhisík, durúng kênå dipatrapi biji, jêr kahanané
isih bisa owah gingsír. Sarèhné manungså iki sawijiníng titah kang luhúr
dhéwé, mulå wís samêsthiné yèn kitå åjå nganti kayadéné sato kang
patiné múng ninggal têngêr lulang lan balúng baé. Nangíng bisowå kita
nanjakaké uríp kitå marang pakarti-pakarti utåmå, sumrambahé marang
karahayóning uríp bêbrayan.
Pitudúh : 38
Mustikané wóng tuwå marang anak múng ånå ing laku kang gumati, gunêm
kang rurúh, lan ujar kang manís. Gumatiné dumunúng ing têpå tuladhaníng
tingkah laku. Gunêm lan ujar kawêngku ånå ing ucap kang istingarah
numusi kajiwan, lan luhuríng budi pêkêrti. Mula yèn ånå åpå-åpå, åjå
sêlak marang sêbutíng paribasan : “Ora ånå kacang ninggal lanjaran”.
Pitudúh : 39
Nanggapi kahanan urip ing satêngahíng bêbrayan iku gampang angèl.
Aran angèl kêpårå malah bisa gawé kêtliwênging pikír samångså anggón
kita mawas kêdhisikan kagubêl ing håwå. Aran gampang yèn kita biså mikír
klawan wêníng lan mênêb. Iyå pamikír kang mênêb iku kang aran akal budi
sêjati. Kang bisa mbabaraké wóhíng wawasan kang mulús rêsík, ora
kacampúran blêntóngé “si aku”. Apamanèh yèn tå kitå biså têtêp nguwasani
wêningíng pikír, nadyan kahanané uríp ing satêngahing bêbrayan kisruhå
dikåyångåpå, istingarah ora angèl anggón kita nanggapi.
Pitudúh : 40
Srêngên marang wóng mono åjå nganti kênêmênên lan kêliwat-liwat múng
margå wis ngêrti yèn wóng mau ora bakal wani nglawan utåwå wís ora biså
nglawan, síng èstiné múng arêp ngêdír-êdíraké drajad pangkat utåwå
kadibyané baé. Pakarti kaya ngono mau kêjåbå klêbu ambêg siyå, ugå wóng
síng disrêngêni durúng karuwan bakal dadi bêcík, kêpårå bisa nuwúhaké
råså sêngít. Kang prayogå iku srêngên samadyå kang mêngku pitutúr murih
bêciké.
Pitudúh : 41
Wóng pintêr kang ora kinanthènan ing kautaman iku ora bédå karo wóng
wutå kang nggåwå óbór ing wayah bêngi. Madhangi wóng liyå nangíng
dhèwèké dhéwé lakuné kêsasar-sasar. Kapintêran mangkéné iki yèn tå
dicakaké ing madyaning bêbrayan bakal nuwúhaké kapitunan, pikolèhé malah
múng wujúd kasangsaran lan karusakan.
Pitudúh : 42
Síng såpå ngidham kaluhuran kudu wani kúrban lan ora wêgah ing
kangèlan. Mêrgå yèn tansah tidhå-tidhå, mokal åpå sing kagayúh bisa
digånthå lan tangèh lamún åpå síng diluru bisa kêtêmu. Makarti wani
rêkåså kanthi masrahaké urip lan jiwå rågå marang Kang Múrbèng Kuwåså.
Yèn kêpingín mênang pancèn larang patukóné, yaiku kudu bisa nuhóni
sêsanti: “Surå dirå jayaníngrat lêbúr déníng pangastuti”. Pituduh : 43
Isíh bêjå yèn kowé diunèkaké “Ora Lumrah Uwóng”, jalaran isíh dianggêp
manungså. Yå múng solah tingkahmu kang kudu kók owahi amríh ora gawé
sêrikíng liyan. Cilakané yèn diunèkaké “Ora Lumrah Manungså”, jalaran
kowé dianggêp sétan gêntayangan síng múng dadi lêlêthêging jagad margå
pakartimu kang ninggal sifat kamanungsan. Mula énggal-énggala sumujudå
marang Gusti Kang Múrbèng Dumadi. Sifaté Gústi Allah mono sarwå wêlas
asíh marang umaté kang wís sadhar marang doså-dosané sartå têmên-têmên
bali tuhu marang dhawúh-dhawuhé.
Pitudúh : 44
Ora ånå pênggawé luwíh déníng múlya kêjåbå dêdånå síng ugå atêgês
mbiyantu nyampêti kêkuranganing kabutuhané liyan. Dêdånå marang
sapêpådhå iku atêgês ugå mitulungi awaké dhéwé nglêlantih marang råså
lilå lêgåwå kang ugå atêgês angabêkti marang Pangéran Kang Måhå Wikan.
Pancèn pangabêkti mono wís aran pasrah, dadi kitå ora ngajab marang
baliné sumbangsih kang kitå asúngaké. Kabèh iku síng kagungan múng
Pangéran Kang Måhå Kuwåså, kitå ora wênang ngajab wóhíng pangabêkti
kanggo kitå dhéwé. Nindakaké kabêcikan kanthi dêdånå kita pancèn wajíb,
nanging ngundhúh wóhíng kautaman kitå ora wênang.
Pitudúh : 45
Mêmitran pasêduluran nganti jêjodhowan kuwi yèn siji lan sijiné biså
êmóng-kinêmóng, istingarah biså sêmpulúr bêcík. Yèn ånå padudón sêpisan
pindho iku wis aran lumrah, bisa nambahi rakêtíng sêsambungan. Nangíng
suwaliké yèn pådhå angèl ngênggóni sifat êmóng-kinêmóng mau gênah långkå
langgêngé, malah bédaníng panêmu sithík baé biså marakaké dhahuru.
Pitudúh : 46
Wóng kang ora naté nandhang prihatin ora bakal kasinungan råså
pangråså kang njalari têkané råså trênyúh lan wêlas lahír batiné. Wóng
kang wís naté kêtaman ing prihatin luwíh biså ngrasakaké pênandhangé
wóng liya. Mulå adhakané luwíh gêlêm awèh pitulungan marang kang
kasusahan.
Pitudúh : 47
Sarupaníng wêwadi sing ålå lan sing bêcík, yèn isíh kók gémból lan
mbók kêkêt kanthi rêmít ing ati salawasé isih bakal têtêp dadi batúr.
Nangíng yèn wís mbók kétókaké sathithík baé bakal dadi bêndaramu. Isíh
lagi nyimpên wêwadiné dhéwé baé wís abót. Åpå manèh yèn nganti
pinracåyå nggêgêm wêwadiné liyan. Mulå såkå iku åjå sók dhêmên kêpingín
mêruhi wêwadiné liyan. Síng wís cêthå múng bakal nambahi sanggan síng
sêjatiné dudu wajíbmu mèlu opèn-opèn.
Pitudúh : 48
Sók såpåå bakal nduwèni råså kúrmat marang wóng kang tansah katón
bingar lan padhang polatané, nadyan tå wóng mau nêmbé baé nandhang susah
utåwå nêmóni pêpalang ing panguripané. Kósókbaliné, wóng kang tansah
katón suntrút kêrêp nggrundêl lan grênêngan mêrgå ora katêkan sêdyané
iku cêthå bakal kóncatan kêkuwataníng batín lan tênagané, tangèh lamún
éntukå pitulungan, kêpårå malah dadi sêsirikaníng mitra karuhé.
Pitudúh : 49
Kitå iki diparingi cangkêm siji lan kupíng loro déníng Kang Måhå
Kuwåså, liré mêngku karêp amríh kitå iki kudu luwíh akèh ngrungókaké
katimbang micårå. Yêktiné wóng kang dhêmên ngumbar cangkêmé tinimbang
kupingé iku adaté wicarané gabúg. Suwaliké síng akèh ngrungókaké,
wicarané sêthithík nangíng patitís lan mêntês. Pantês dadi jujugané
sadhêngah wóng kang mbutúhaké rêmbúg kang prayogå.
Pitudúh : 50
Wóng kang tansah dhêmên ngupíng kêpingín wêrúh, åpådéné nyampuri
pêrkarané liyan, gêdhéné nganti nrambul urún ucap, iku pådhå karo
golèk-golèk mómótan kang sêjatiné ora prêlu, adhakané kêpårå malah
ngrêridhu awaké dhéwé.
Pitudúh : 51
Ucap sakêcap kang kêlaír tanpå pinikír kêrêp baé nuwúhaké drêdah lan
bilahi. Mula wêtuné têmbúng satêmbúng såkå lésan iku prayogå tan
udinên aja nganti nggêpók prêkarané wóng liyå, gêdhéné nganti gawé
sérikíng liyan. Biså nyandhêt uculé pangucap kåyå mangkono mau wís klêbu
éwóníng pakarti kang utåmå. Nangíng généyå kók ora sabên wóng biså
nglakóni ?
Pitudúh : 52
Wóng iku yèn wís kasókan kabêcikan lan rumangsa kapotangan budi, ing
sakèhíng pakartiné lumrahé banjúr ora kêncêng lan rêsík. Mulané tangèh
lamún yèn biså njågå jêjêgíng adíl, awít lésané kasumpêtan, mripaté
bêrêng, kupingé budhêg. Atiné dadi mati, angèl wêrúh ing bêbênêr. Mulå
såkå iku åjå gumampang nåmpå kabêcikané liyan, samångså tujuwané ngarah
marang pênggawé kang nalisír såkå bêbênêr.
Pitudúh : 53
Åjå kasêlak kêsusu nyêpèlèkaké liyan, margå kók anggêp wóng mau
bodho. Awít ånå kalamangsané kowé mbutúhaké rémbúg lan pituturé wóng
iku, síng kanyatané biså mbéngkas lan nguwalaké såkå karuwêtanmu. Pancèn
ing sawijiné bab wóng biså kaaran bodho, nangíng ing babagan liya
tangèh lamún yèn kowé biså nandhingi.
Pitudúh : 54
Yèn micårå åjå gumampang nêlakaké pênacad utawa pangalêm, luwíh-
luwíh nganti mêmaóni. Awít wicaramu durúng karuwan bênêr. Síng mêsthi
panacad mau gawé sêrík, pangalêmé nuwúhaké wiså, déné waónané ora
digugu, kabèh swårå ålå. Mulå kang prayogå iku múng mênêng, jalaran
mênêng iku yêktiné pancèn mustikaníng ngauríp.
Pitudúh : 55
Udinên ing alam donya iki åjå ånå wóng kang kók sêngiti, supaya ora
ånå wóng sêngít marang kowé, balík sabiså-biså pådhå trêsnanånå. Amargå
lêlakón ing alam donya iki anané múng walês-winalês baé. Déné yèn
kêpêkså kowé sêngít marang sawijiníng wóng, mångkå kowé ora biså mbuwang
sêngítmu, gawénên wadi åjå ånå wóng kang ngêrti. Yèn kowé ngandhakaké
sêngítmu marang liyan, prasasat kowé mamèraké alané atimu.
Pitudúh : 56
Ajiníng dhiri ånå ing lati. Ajiníng rågå ånå ing busånå. Mula dèn
ngati-ati ing pangucapmu, sêmono ugå anggónmu ngadi busånå kang bisa
mapanaké dhiri.
Pitudúh : 57
Wóng pintêr kang isih gêlêm njalúk rêmbugíng liyan iku dianggêp
manungsa utúh. Såpå síng rumangsa pintêr banjúr suthík njaluk rêmbuging
liyan kuwi manungsa sêtêngah wutúh. Lan síng såpå ora gêlêm njalúk
rêmbugíng liyan, iku bisa kinaranan babar pisan durúng manungså.
No comments:
Post a Comment