ADIT MUJECK: June 2014

Monday, June 30, 2014

PITUTUR : Orang Tua dan Anak

PITUTUR : ORANG TUA DA ANAK

Semua orang pernah menjadi anak dan pada saatnya nanti akan menjadi orang tua. Demikian pula orang tua pernah juga menjadi anak. Alangkah indahnya bila orang tua dan anak melakukan yang terbaik untuk diri mereka pada masa mereka menjadi orang tua maupun anak supaya tidak menyesal di kemudian hari.

Pitutur ini dicuplik dari Layang Madubasa, Ki Padmasusastra Ngabèi Wirapustaka di Surakarta, 1912. Pitutur asli dalam bahasa Jawa dapat dibaca dengan tulisan berhuruf miring sedang terjemahan agak bebasnya ada di bawahnya. Selamat membaca, kiranya bermanfaat.


1. AYAH DAN IBU INGIN ANAKNYA MENJADI ORANG UTAMA

Bapa biyung iku kêtêmpuh mikir marang anake supaya ing têmbe bisa dadi wong mursid, ora cukup mung ngrupakake bôndha bau dipitayakake marang guru bae, iya uga kudu mikir marang kadadiyaning têmbe gone ngomah-omahake bisaa olèh bocah bêcik, yèn bocah lanang amiliha bocah wadon kang ayu rupane, bêcik atine, yèn anak wadon olèha bocah lanang kang pintêr trahing kartiyasa (= priyayi).

TERJEMAHAN: Yang selalu dipikirkan kedua orang tua kepada anaknya adalah supaya di kemudian hari menjadi orang yang utama dalam hidupnya. Tidak cukup menyediakan biaya, tenaga dan mempercayakan kepada guru saja. Tetapi juga harus memikirkan saat anak berkeluarga nanti bisa mendapat suami atau istri yang baik. Kalau anak laki-laki hendaknya bisa memperoleh istri yang cantik dan baik hati, kalau anak perempuan bisanya memperoleh suami yang pandai syukur keturunan priyayi.


2. TANGGUNGJAWAB KEPADA ANAK: SEUMUR HIDUP

Suka bungaha yèn kowe ginanjar dening Pangeran: duwe anak, nanging rumasaa yèn anak iku dadi têtanggunganmu gêdhe ing atase kuwajibanmu, mulane aja pêgat ênggonmu nglakoni kuwajiban mau: bapa dadi pangayomaning anak, dibisa murih wêdining anak marang bapa kongsi umur 20 taun, sarta dibisa mardi ngajèni marang bapa kongsi tumêkaning pati. Dene kuwajibaning bapa dadi paguroning anak kongsi umur 10 taun, nglungguhana dadi sudarmaning anak kongsi umur 20 taun, sarta dadia sumitraning anak kongsi tumêkaning pati, yèn lali mung dèn elikake.

TERJEMAHAN: Berbahagialah kalau kita kalau Tuhan menganugerahkan anak kepada kita. Tetapi ingatlah bahwa mempunyai anak berarti punya kewajiban untuk bertanggungjawab. Jangan kendor dalam melaksanakan kewajiban tersebut: Ayah adalah pengayom anak. Upayakan supaya sampai umur 20 tahun anak takut kepada ayah dan tetap menghormati ayah sampai mati. Adapun kewajiban bapak sebagai guru adalah sampai anak umur 10 tahun, selanjutnya menempatkan diri sebagai ayah sampai umur 20 tahun, dan terakhir tetap menjadi teman bagi anak sampai mati. Bila anak lupa cukup mengingatkan.


3. MENYEKOLAHKAN ANAK: TABUNGAN SEUMUR HIDUP

Nglêbokake anak marang pamulangan, iku padha uga karo nglêbokake dhuwit marang celengan kang ora binukak ing salawas-lawase sarta bakal olèh uyah-uyahan saka nggone ora motangake.

TERJEMAHAN: Menyekolahkan anak sama dengan menyimpan tabungan yang tidak pernah dibuka selama-lamanya dan akan memperoleh bunga dari hasil tidak meminjamkannya.


4. HASIL MENYEKOLAHKAN ANAK: DINIKMATI BANYAK ORANG

Bocah kang pinardi ing kapintêran kalêbokake marang pamulangan akire ora mung gawe kabêgjaning bocah iku bae, iya uga tumular ing akèh.

TERJEMAHAN: Anak yang dididik supaya pandai, disekolahkan, pada akhirnya tidak hanya memberi manfaat pada anak itu saja tetapi juga kepada orang banyak.


5. YANG LEBIH UTAMA: TANAMKAN JIWA PENGABDIAN DAN KESETIAAN

Anggêgulanga anak tinanduran wijining kadarman, iku angluwihi utama tinimbang winuruk lakuning tatakrama, sarta pêrdinên anduwèni pambêgan sêtya tuhu, iku angluwihi ajining kawasisan, D. K. 1912. No 87. Piwulang Logevrijmetselaar, Vrijdenker.

TERJEMAHAN: Menanamkan nilai-nilai pengabdian lebih utama daripada mendidik tatakrama. Menanamkan sifat setia lebih bernilai daripada kepandaian.


6. KASIH SAYANG KEPADA ANAK: TIDAK PERLU DIPAMERKAN

Kabêcikan sarta katrêsnaning bapa biyung marang anak, aja sok dipamèr-pamèrake marang liyan, mundhak diewani, iku dudu prakara anèh.

TERJEMAHAN: Kebaikan dan kasih-sayang ayah ibu kepada anak tidak usah dipamerkan kepada orang lain. Hanya akan menumbuhkan ketidak-senangan. Hal tersebut bukan barang aneh


7. JANGAN MEMANJAKAN ANAK

Kawajibaning bapa marang anak, kajaba awèh sandhang pangan sadurunge mêntas, awèh wiji pitutur bêcik, tinandurake ing angên-angêning bocah, supaya tuwuh budine rahayu, sarta pinrêtêk ing piwulang kang amumpuni, iku bakal langgêng uripe kapenak, nganti tumêka ing pati dadi wong utama, beda karo anak kang dinama-dama, winehan rajabrana agung, inguja sakarêpe, iku ora mêsthi dadi bêcik, luput-luput malah dadi wisaning awake: bisa dadi papa, rajabranane wis andhisiki lunga jrone jibar-jibur.

TERJEMAHAN: Kewajiban bapak kepada anak selain mencukupi sandang pangan sebelum anak itu mandiri, juga memberi pitutur yang baik, menanamkan dalam sanubari supaya menjadi anak yang berbudi baik dan memberikan pendidikan yang mumpuni. Hal ini merupakan bekal sehingga di kemudian hari anak akan hidup senang, menjadi orang utama sampai matinya. Lain halnya dengan anak yang dimanjakan dengan harta benda dan dibiarkan semaunya sendiri. Tidak akan menjadi baik, salah-salah menjadi racun yang mengakibatkan kepapaan. Hartanya pergi lebih dahulu selama ia bersenang-senang.


8. MEMANJAKAN ANAK: MERACUNI DIRI SENDIRI

Anggêdhèkake atining bocah kang marga saka ing pangugung, iku prasasat awèh wisa marang awake dhewe

TERJEMAHAN: Menyenangkan hati anak dengan memanjakan sama dengan meracuni kepada diri sendiri


9. ANAK: TAKUT DAN MENURUT KEPADA AYAH, SAYANG KEPADA IBU

Mungguhing anak marang bapa biyung: (1) Marang bapa, diwêdi sarta ambangun turut, iku wis ngènthèngake kuwajibaning bapa. (2) Marang biyung, diasih trêsna, nanging aja ngadi-adi, iku wis mayarake kuwajibaning biyung.

TERJEMAHAN: Yang seharusnya dilakukan anak kepada ayah dan ibu: (1) kepada ayah takut dan menurutlah. (2) kepada ibu cintailah sewajarnya. Itu sudah meringankan kewajiban ibu. ke3dua hal tersebut sudah meringankan kewajiban kedua orang tua.


10. ANAK: MENURUT KEPADA AYAH DAN IBU

Nurut parentahing bapa biyung iku: pait, sumurupe lêgi: yèn wis duwe anak.

TERJEMAHAN: menurut kepadaa ayah dan ibu itu pahit. Tahunya manis kalau sudah punya anak sendiri.

11. BAPAK: TIDAK MINTA BALASAN MACAM-MACAM
Katrêsnaning bapa marang anak, ora anjaluk walêsan kang adi aèng, mung jaluk dituruta parentahe, iku wis ngènthèngake têtanggunganing bapa, aja malês ngadi-adi anjaluk diugung, iku ngabotake têtanggunganing bapa.
TERJEMAHAN: Cinta ayah kepada anak tidak meminta balasan yang tinggi dan sulit. Cukup dituruti perintahnya. Hal tersebut sudah meringankan tanggungan ayah. Jangan minta dimanjakan karena akan memberatkan beban ayah.

12. AYAH IBU: HANYA MENETAPI KEWAJIBAN
Ala bêciking anak saka panggawening bapa biyung, yèn anak iku dadi ala, bapa biyunge kang luput, yèn dadi bêcik, mung lagi nêtêpi prajanjian, sah utange kang ora bakal disauri (utanging anak marang bapa biyung).
TERJEMAHAN: Baik buruknya anak adalah hasil perbuatan orang tua. Kalau anak menjadi jelek, yang salah kedua orang tuanya. Kalau anak menjadi baik, hanya karena menetapi kewajiban sebagai orang tua. Hutang anak lunas tanpa harus mengembalikan.

13. PERTOLONGAN ORANG TUA: TIDAK BISA LANGGENG
Anak kang ngandêlake pitulunganing bapa biyung, amarga koncatan musthikaning kawruh: istiyar lali yèn bapa biyunge bakal ora langgêng trêsna lan rumêksane, dening prakara sapele: mati.
TERJEMAHAN: Anak yang mengandalkan bantuan orang tua karena tidak memiliki bekal ilmu pengetahuan hendaknya ingat bahwa kasih dan pemeliharaan oleh orang tua tidak langgeng karena satu hal: kematian.


KESIMPULAN

Mempunyai keturunan adalah anugerah Allah. Orang tua seharusnya tidak menyia-nyiakan anugerah tersebut. Siapkan diri dan siapkan anak sehingga kelak menjadi orang yang utama. Menyekolahkan anak merupakan tabungan yang tidak pernah dibuka seumur hidup. Anak yang berpendidikan akan bermanfaat untuk orang lain disamping untuk diri sendiri. Oleh sebab itu sejak awal jangan kita memanjakan anak, karena buahnya hanya merupakan racun bagi diri sendiri. Amat penting untuk menanamkan nilai-nilai pengabdian dan kesetiaan kepada anak.

Anak harus takut dan menurut dan sayang kepada kedua orang tua. Anak jangan minta dimanjakan. Orang tua tidak meminta balasan macam-macam, karena hanya menetapi kewajiban sebagai orang tua.

Saturday, June 28, 2014

Kultum Malam Lailatul Qadar masjid Al-Ikhlas Gatos


Kultum Malam Lailatul Qadar

Bismillahirrohmanirrohim..
Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Bapak-bapak, ibu-ibu, sedherek jama’ah isyak lan tarawih ingkang di mulyaken. Monggo kita sedhoyo dherekaken Puji Syukur marang Allah SWT ingkang sampun pepareng Rahmat lan Hidayahnipun sehingga kita sedaya saged rawuh wonten Masjid At-Taqwa punika. Sholawat sarta salam kagem junjungan kita Nabi besar Muhamad SAW.

Wonten ing kesempatan niki kula ajeng ngaruraken sekedik “Bab Malam Lailatul Qadar”.
Malam Lailatul Qodar yaiku malam kang Allah nderekaken wahyu Al-Qur’an marang Nabi Muhammad SAW. Ingkang di jelasake wonten QS Al-Qadr ayat 1-5, malam Lailatul Qadar iku malam kang Allah nderekaken Al-Qur’an, malam iki juga disebut malam kemuliaan yaiku malam kang luwih apek saking sewu wulan, ingkang malam niki para malaikat padha tindhak menyang donyo, para malaikat pada ngatur donyo. Malam Lailatul Qadar iku okeh Kesejahterssn teko terbit Srengenge esok.

  Jama’ah Masjid Al-Ikhlas Gaduhan lan Ketos ingkang dimulyake Allah, kesimpulanipun malam Lailatul Qadar malam kang penuh rahmat saking Allah SWT ingkang wulan Ramadhan.

Jama'ah isyak lan taraweh makaten pengaosan sekedik saking kawula, wonten lepatipun kula nyuwon agunging pangaksami.

Wabilattaufiq Wal hidayah, Warridza wal innayah.
Wassalamu'alikum WR.Wb

kultum boso jowo masjid al-ikhlas Gatos


Syukur karananing segelas toya



Bismillahirrohmanirrohim..

Assalamu’alaikum Wr Wb


Bapak2 ibu2 sedherek2 jama’ah isyak lan traweh ingkang kaulo mulyakaken, monggo kultum ingkang sekedap puniko sareng kito bika kanthi waosan Basmallah sesarengan.
Sepindah monggo Bapak2 ibu2 sedherek2jama’ah masjid Al-Ikhlas Gaduhan-Ketos kaulo dherekaken tansah ngaturaken raos syukur kulo panjengan sami inggih dugi wekdal sakmeniko taksih dipun paringi kasehatan karunia Iman soho Islam sahinggo saged hangrawuhi jama’ah Sholat Isya’ lan insyaAllah sholat Traweh kanthi kahanan ngremenaken, Inggih sedoyo pujo lan puji namung kagunganipun Allah SWT, Sholawat sarto salam kagem junjungan kita Nabi Besar Muhammad SAW.
Wonten ing kasempatan puniko kepareng dalem ngaturaken sekedik “Bab Raos Syukur Wonten Ing sakgelas Toya”

Jama’ah Masjid Al-Ikhlas Rohimakumulloh,
Kados2 ingkang sampun asring di pun sampekaken bilih Allah mrintahaken titahipun/kulo panjengan sami supados nglampahi siam puniko mboten sanes nggadahi maksud lan tujuan kulo panjenengan puniko sakmangke sagedto mencapai Drajad Taqwa, salah setunggilipun ciri taqwa puniko bersyukur dumateng Allah SWT.
Kathah tiyang meniko kerso syukur menawi nikmat ingkang dipun raosaken meniko kathah, semanten ugi menawi nikmat ingkang dipun raosaken meniko sekedik utawi alit jarang tiyang ingkang saged mensyukuri nikmat puniko, Padahal sakyektosipun mboten onten nikmat alit, sekedik sangking Panjenenganipun Allah SWT, inggih namung pengertosan tiyang puniko sahinggo nikmat ingkang sampun diparingaken puniko mboten dipun syukuri.

Salah Satunggalipun cerita hikmah:
Suatu ketika Sohabat sedang duduk di rumahnya, tiba-tiba datang temannya mengeluh dan meminta pertolongan.
“Wahai Sohabat,”
kata orang itu. “aku memiliki rumah yang sempit, aku tidak kerasan tinggal di rumah tersebut.
Tolong aku agar rumahku menjadi luas,”
Kemudian Sohabat menyuruh orang itu pulang dan memasukan 5 ekor kambing ke dalam rumahnya.
Besoknya orang itu datang lagi dan berkata,
“wahai Sohabat, rumahku menjadi tambah sempit karena kambing-kambing itu”
Kemudian Sohabat kembali menyuruh orang itu pulang dan menyuruhnya memasukan 5 ekor unta. Dengan wajah penuh keheranan orang itu pulang dan menuruti apa yang suruh Sohabat.
Besoknya orang itu kembali lagi dengan wajah sangat marah.
“ Sohabat, sekarang aku tidak bisa tidur, kulo kesok-sok kaliyan mendo lan onta. Aku hanya bisa berdiri mematung di tumahku,”
“Pulanglah,” jawab Sohabat. “Lalu keluarkan semua binatang ternak itu dari rumahmu.”
Besoknya orang itu kembali dengan wajah berseri-seri, “Alhamdulillah, sekarang rumahku menjadi sangat luas sekali, aku bisa tenang tiduran dan melakukan apapun di rumahku,” kata orang itu dengan penuh semangat.

Padahal rumahnya tak berubah, apalagi bertambah luas secara fisik dari sebelumnya.
Lhah! lantas punopo Relevansinipun/hubunganuipun crios niki wou kaliyan wulan romadhan puniko?
Makaten, Kanthi Ramadhan Allah tansah membimbing, mendidik kulo panjengan sami ing tembe sakalangkung pinter anggenipun mensyukuri nikmattipun ingkang sampun diparingaken puniko. Segelas, utawi bergelas-gelas toya ingkang dipun unjuk sabendinten jarang bahkan wonten ingkang dereng ngakeni, nopo maleh malah dereng mangertosi bilih Toya niki wou salah satunggilipun nikmat Allah ingkang ageng, kathah, soho bermanfaat. Ananging wekdal nepaki ngelak ingkang sanged2, satunggal gelas toya pethak kemawon kulo panjengan sami saged ngraosaken dospundi nikmatipun, padahal ing dinten2 selain Romadhan kito asring ngremehaken nikmat Allah saking setunggal gelas Toya pethk puniko.

Bapak2 ibu2 sedherek2 jama’ah isyak lan traweh ingkang kaulo mulyakaken,
Lajjeng dos pundi anggenipun bersyukur dumateng Allah SWT?
Poro alim ngendikakaken3 cara bersyukur dumateng Allah:
1. Bersyukur ngagem weningipun batos(menawi tiyang sampun saged nglaksanaken puniko Tamtu mboten bakalan sakmangke maiben utawi ingkar saking nikmatipun Allah)
2. Bersyukur ngagem ucapan, lidah ingkang biasa melafaskan kata2 saged ngungkapaken ungkapan2 utomi sarono mujudtaken raos syukur kito, Subhanallah 10 kebaikan, lailla ha illlah 20 kebaikan, Alhmdulillah 30 kebaikan
3. Bersyukur ngagem perbuatan, perbuatan ingkang bisa kito laksanaaken mboten liyo mboten sanes kagem hal2 ingkang positif, ingkng sae, ingkang bermanfaat. Menurut Imam Al-Ghozali wonten pitu anggota badan ingkang kedah dipunmaksimalaken kagem bersyukur. Antaranipun, 1mata, 2telinga, 3lidah, 4tangan, 5perut, 6kemaluan, dan 7kaki.

Mugi kanthi Romadhn puniko sagedto ndadosken shahruttarbiyah utawai bulan pendidikan ingkang ndadosaken kulo panjengan sami insan ingkan tansah saged lan langkung pinter bersyukur dumateng Allah SWT sae wonten ing lahir ugi wonten ing batin.

Makaten isian saking kulo, wonten lepatipun nyuwun agunging pangaksami, wabilattaufiq wal hidayah, warridzo wal innayah,

Wassalamu'alikum Wr Wb

ANAK LANANG

ANAK LANANG "FRIZA M HANAFI" KETIKA USIA MENGINJAK 1,5 BULAN